Sabtu, 08 November 2008

UJIAN KUWE KEPASTIAN

Assalamu'alaikum wr wb.
Sedulurku kabeh umume umat Islam, sing jenenge Ujian saking Gusti Alloh SWT kuwe mesti bakal kedaden tumrap sapa bae . Apa maning nek wis wani nyebut awake dadi wong sing Iman.Ngendikane Gusti Alloh sing kira-kira artine kaya kiye :
" Apa menungsa pada ngira awake ora diuji maning , nek wis ngomong awake pada Iman. Setemene' gusti Alloh SWT nguji wong - wong sing luwih gisit ben keton sapa wong-wong golongan sing bener lan wong-wong sing pada dusta ( nglombo ) ".
Nah.... kaya kuwe kira kira Ayate Gusti Alloh.Mulane sedulur nek suatu wektu dhewek diuji nang gusti Alloh ya sing nrima.Aja pada ndresula bae. Ujiane gusti Alloh kuwe anger dikelompokna kuwe ya mung ana loro wernane. Siji sing wujude nggawe seneng lan siji maning sing gawe sedih utawa ora seneng.Sing seneng contone' angger pada bathi gedhe kanggone kaum pedagang, panen raya kanggone kaum tani utawa munggah pangkat lan jabatan kanggone kaum pegawe. Lha nek sing gawe sedih ya contone malah pirang-pirang. Umpamane ditinggal mati wong - wong sing edhek karo dhewek , Ekonomine serba kurang ndilalahe ana - ana bae kedadean sing butuh biaya gedhe.Anak Bojone padha mriang kanggone wong sing wis padha rumah tangga.Lan liyane sing ora bisa tek sebut.
Sing Umum wong-wong werna loro sikape nek padha nampa ujiane gusti Alloh. Sing siji Kesuh (Marah) sing nomer loro mungkek (patah hati). Ning kabeh sikap kuwe intine ora gelem nampa, utawane nentang maring ketentuane Gusti Alloh.
Contone sing mungkek ana, kuwe wingi agi wulan romadhon nang jember jawa timur ; Wong sing jenenge Bapak mateni anak-anake lan Bojone , terus bunuh diri. Alesane jere sepele mung faktor ekonomi. Padahal wong nang alam dunya sing kesulitan ekonomi nang republik kiye mbok anu jan akeh banget....Lha nek wis kedadean kaya kuwe mbok melas banget kanggo sing mati lan keluargane.Conto sing kesuh karo ketentuane gusti Alloh ya ana, kuwe sing nang Jakarta jere ne nang koran wong wadon sing jenenge ibu rumah tangga tega mateni lan mutilasi garwane sing lanang gara - gara sepele alesane kepengin mudik nang ndesane tapi bojone ora setuju. Nha...kaya kuwe koh nggo jalaran pada mateni. Kepriwe jajal nek kuwe mau kedadean nang sedulure dhewek... ?Moga-moga aja kedadeanlah...
Lha terus kepriwe angger dhewek sing nampa ujiane Gusti Alloh SWT...? Jawabane sederhana yakuwe Nek nampa Ujian sing kepenak sing Syukut, nek lagi nampa Ujian sing gawe susah sing pada Sabar. Dadi sikap Syukur karo Sabar sing arep nylametaken uripe dhewek nang dunya lan Akherat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

silahkan anda komentar di sini