Sabtu, 26 September 2009

RENUNGAN SYAWAL

Assalamu’alaikum wr wb. Sedulur... syukur banget ya awake dhewek bisa ketemu nang dina Riaya ’Iedhul Fitri Tahun 1430 H, kuwe tegese dhewek kabeh tesih dipercaya nang Ngarsa dalem Alloh SWT dadi hambaNe. Nang Dina sing Fitri kiye tegese awak dhewek Insya Alloh dingapurani dosa-dosane sebab wis rampung nglakoni shoum ( puasa ) Ramadhon. Esih kelingan mbok ngendikane Rosululloh SAW : ” Man shoma Romadhona Imanan wahtisyaban Ghufirolahu ma taqodama min danbika ” sing artine sapa wonge nglakoni puasa romadlon karo Iman lan ngarep-ngarep ridhone gusti Alloh, bakal di ngapurani dosa-dosane sing wis dhisit dilakoni.

Mulane sedulur lumrah bae nek wong-wong pada seneng lan syukur ketemu dina Riaya Iedhul Fitri kaya siki, sebabe pada rumangsa bersih suci sekang dosa..., tapi ya kuwe carane syukur sing ati-ati ya...aja nganti gole padha sukur nganggo cara-cara sing mengarah dosa apa maning terang-terangan maksiat. Contone Umpamane syukur nang dina lebaran malah : Pada jogedan karo mabok, terus pada tawuran. Lha nek kaya kuwe kan dadi ora apik. Fitrah suci malah dicampuri karo dosa sing anyar maning sing ndadekna rugi awake dhewek mbok ..? Mulane sedulur ayolah le padha syukur sing temen angger dhewek tesih diwei sehat, kesempatan urip, apa maning ditambah kecukupan harta aja nganti ninggalna ngibadah maring Gusti Alloh SWT.

Tesih kelingan mbok wingi nang awal wulan Ramadhan, awake dhewek dielingna karo sing jenenge Lindu alias Gempa Bumi. Pusat Lindu nang barat daya Tasikmalaya jerene 30 km nang njero laut goncangane 7,3 SR, ora sethitik korbane. Ewonen wong sing padha kelangan omah, atusan sing padha luka-luka puluhan wong sing padha ninggal, lan sing paling medeni ana sing kambrukan tanah longsor nganti akhire tesih ana 40 wong kependem urip-urip. Jajal kepriwe umpamane sing kena korban kuwe awake dhewek tegese Inyong karo Rika, kaya ngapa sengsarane kaya ngapa nelangsane...sing maune duwe umah terus dadi ora duwe, sing maune duwe keluarga sing padha sehat terus dadi kelangan keluarga nganggo itungan menit utawa detik....Subhanalloh dhewek jebule cilik banget dibanding Kuasane Gusti Alloh SWT sing bisa mbolak mbolik keadaan nganggo itungan detik. Sedulurku kabeh...sing padha Iman maring Ngarsa Dalem Alloh SWT, ngendikane gusti Alloh nang Alqur’an :

” dhoharol fasaadu filbarri wal bahri bimaa kasabat aidiinnas liyudziqohum ba’dlolladzii ’amiluu la’alahum yarji’uuna ”

Sing artine : Wis keton kerusakan nang darat lan nang laut disebabaken kelakuane tangan manungsa, supayane Gusti Alloh SWT nggawe krasa maring wong-wong kae sebagian akibat sekang perbuatane, men wong-wong mau mbalek maning maring dalan sing bener.

Mulane sedulur kabeh Inyong ngajak nang awake dhewek syukur rika ya padha melu, ya kuwe :

  1. Sing padha Istiqomah karo dalan Agama. Tegese teguh, kekeh ora bakal mbelak-mbelok nyimpang ajaran Agama.
  2. Aja kelalen kudu terus kelingan karo Gusti Alloh, sing diistilahna Dzikir. Dzikir nang endi bae ya nang mesjid, nang kantor bagi kaum pegawai, nang pasar bagi kaum pedagang, nang sawah lan kebon kanggo kaum petani.
  3. Prinsip seimbang nang sejrone panguripan. Keseimbangan urip diistilahna Tawazun. Artine tawazun antara panguripan dunya lan akherat

Moga-moga nganggo telung prinsip yakuwe Istiqomah, Dzikir lan Tawazun Inyong karo Rika kabeh bisa urip mulya nang dunya lan akherat, Amin..Amin...Amin.

Minggu, 30 Agustus 2009

Marhaban Ya Ramadhan

Alhamdulillah, sedulur awak dhewek bisa ketemu maning nang wulan Romadlon tahun 1430 H. Berarti gusti Alloh SWT eman temen karo inyong lan panjenengan kabeh tesih diparingi kesempatan kon ngapiki ngibadah wulan Romadlon sing dhisit wis keliwat. Mulane ayuh pada sing temen anggone ngibadah nang wulan romadlon sing siki. Nek pada bisa ya ayo le ngibadah ora kur ngguguraken kewajiban tapi nganggo target. Umpamane sholate sing tepat wektu, tadaruse Al-qur'an ya sing pada tartil tur dijatah umpamane sewengi sejuz, dadi mengko neng akhir wulan bisa pada katam. Aja kelalen ngendikane Rosul nang wulan Romadlon akeh-akeh le maca : "Asysyhaduallailahaillalloh, Asytaughfirulloh, Asalukaljannah wa a'udubika minannaar". Moga - moga gusti Alloh mbimbing awak dhewek kabeh Amin.

Kamis, 01 Januari 2009

Trs: tiga tipologi manusia kautannya dengan hawa napsu



--- Pada Kam, 1/1/09, Eko Mujiyono Siswo Sumarto <ekmyon@yahoo.co.id> menulis:
Dari: Eko Mujiyono Siswo Sumarto <ekmyon@yahoo.co.id>
Topik: tiga tipologi manusia kautannya dengan hawa napsu
Kepada: maseko4368muji.@blogger.com
Tanggal: Kamis, 1 Januari, 2009, 5:18 AM

Apabila manusia bertarung melawan hawa nafsunya , maka akan dapat dikelompokkan menjadi tiga , yaitu :
1. Manusia yang dikalahkan oleh hawa nafsunya ( An Nafsul amarotu bi syu' )
2. Manusia yang saling tarik menarik dengan hawa nafsunya ( An Nafsul Lauwamah )
3. Manusia yang mampu mengalahkan hawa nafsunya( An Nafsul Mutma'inah )
Nah kita mau pilih yang nomor tiga kan ? Syaratnya kita yang rajin beribadah ya ....




JIWA MANUNGSA

Assalamu'alaikum wr wb. Sedulurku seiman sing tansah tek tresnani, angger ngomomg bab jiwa manungsa, Rosululloh Muhammad SAW nate ngendika sing artine " Durung sempurna Imanmu, yen durung mampu ngendalikna ( nundukna ) hawa napsune nganti melu apa bae ajaran sing tek gawa ( Ajaran Agama ) "
Mulane para sedulur ayo pada bareng bareng donga dinonga sing bisa pada ngendalikna hawa napsune. Amin

Sabtu, 08 November 2008

UJIAN KUWE KEPASTIAN

Assalamu'alaikum wr wb.
Sedulurku kabeh umume umat Islam, sing jenenge Ujian saking Gusti Alloh SWT kuwe mesti bakal kedaden tumrap sapa bae . Apa maning nek wis wani nyebut awake dadi wong sing Iman.Ngendikane Gusti Alloh sing kira-kira artine kaya kiye :
" Apa menungsa pada ngira awake ora diuji maning , nek wis ngomong awake pada Iman. Setemene' gusti Alloh SWT nguji wong - wong sing luwih gisit ben keton sapa wong-wong golongan sing bener lan wong-wong sing pada dusta ( nglombo ) ".
Nah.... kaya kuwe kira kira Ayate Gusti Alloh.Mulane sedulur nek suatu wektu dhewek diuji nang gusti Alloh ya sing nrima.Aja pada ndresula bae. Ujiane gusti Alloh kuwe anger dikelompokna kuwe ya mung ana loro wernane. Siji sing wujude nggawe seneng lan siji maning sing gawe sedih utawa ora seneng.Sing seneng contone' angger pada bathi gedhe kanggone kaum pedagang, panen raya kanggone kaum tani utawa munggah pangkat lan jabatan kanggone kaum pegawe. Lha nek sing gawe sedih ya contone malah pirang-pirang. Umpamane ditinggal mati wong - wong sing edhek karo dhewek , Ekonomine serba kurang ndilalahe ana - ana bae kedadean sing butuh biaya gedhe.Anak Bojone padha mriang kanggone wong sing wis padha rumah tangga.Lan liyane sing ora bisa tek sebut.
Sing Umum wong-wong werna loro sikape nek padha nampa ujiane gusti Alloh. Sing siji Kesuh (Marah) sing nomer loro mungkek (patah hati). Ning kabeh sikap kuwe intine ora gelem nampa, utawane nentang maring ketentuane Gusti Alloh.
Contone sing mungkek ana, kuwe wingi agi wulan romadhon nang jember jawa timur ; Wong sing jenenge Bapak mateni anak-anake lan Bojone , terus bunuh diri. Alesane jere sepele mung faktor ekonomi. Padahal wong nang alam dunya sing kesulitan ekonomi nang republik kiye mbok anu jan akeh banget....Lha nek wis kedadean kaya kuwe mbok melas banget kanggo sing mati lan keluargane.Conto sing kesuh karo ketentuane gusti Alloh ya ana, kuwe sing nang Jakarta jere ne nang koran wong wadon sing jenenge ibu rumah tangga tega mateni lan mutilasi garwane sing lanang gara - gara sepele alesane kepengin mudik nang ndesane tapi bojone ora setuju. Nha...kaya kuwe koh nggo jalaran pada mateni. Kepriwe jajal nek kuwe mau kedadean nang sedulure dhewek... ?Moga-moga aja kedadeanlah...
Lha terus kepriwe angger dhewek sing nampa ujiane Gusti Alloh SWT...? Jawabane sederhana yakuwe Nek nampa Ujian sing kepenak sing Syukut, nek lagi nampa Ujian sing gawe susah sing pada Sabar. Dadi sikap Syukur karo Sabar sing arep nylametaken uripe dhewek nang dunya lan Akherat.