Sabtu, 26 September 2009

RENUNGAN SYAWAL

Assalamu’alaikum wr wb. Sedulur... syukur banget ya awake dhewek bisa ketemu nang dina Riaya ’Iedhul Fitri Tahun 1430 H, kuwe tegese dhewek kabeh tesih dipercaya nang Ngarsa dalem Alloh SWT dadi hambaNe. Nang Dina sing Fitri kiye tegese awak dhewek Insya Alloh dingapurani dosa-dosane sebab wis rampung nglakoni shoum ( puasa ) Ramadhon. Esih kelingan mbok ngendikane Rosululloh SAW : ” Man shoma Romadhona Imanan wahtisyaban Ghufirolahu ma taqodama min danbika ” sing artine sapa wonge nglakoni puasa romadlon karo Iman lan ngarep-ngarep ridhone gusti Alloh, bakal di ngapurani dosa-dosane sing wis dhisit dilakoni.

Mulane sedulur lumrah bae nek wong-wong pada seneng lan syukur ketemu dina Riaya Iedhul Fitri kaya siki, sebabe pada rumangsa bersih suci sekang dosa..., tapi ya kuwe carane syukur sing ati-ati ya...aja nganti gole padha sukur nganggo cara-cara sing mengarah dosa apa maning terang-terangan maksiat. Contone Umpamane syukur nang dina lebaran malah : Pada jogedan karo mabok, terus pada tawuran. Lha nek kaya kuwe kan dadi ora apik. Fitrah suci malah dicampuri karo dosa sing anyar maning sing ndadekna rugi awake dhewek mbok ..? Mulane sedulur ayolah le padha syukur sing temen angger dhewek tesih diwei sehat, kesempatan urip, apa maning ditambah kecukupan harta aja nganti ninggalna ngibadah maring Gusti Alloh SWT.

Tesih kelingan mbok wingi nang awal wulan Ramadhan, awake dhewek dielingna karo sing jenenge Lindu alias Gempa Bumi. Pusat Lindu nang barat daya Tasikmalaya jerene 30 km nang njero laut goncangane 7,3 SR, ora sethitik korbane. Ewonen wong sing padha kelangan omah, atusan sing padha luka-luka puluhan wong sing padha ninggal, lan sing paling medeni ana sing kambrukan tanah longsor nganti akhire tesih ana 40 wong kependem urip-urip. Jajal kepriwe umpamane sing kena korban kuwe awake dhewek tegese Inyong karo Rika, kaya ngapa sengsarane kaya ngapa nelangsane...sing maune duwe umah terus dadi ora duwe, sing maune duwe keluarga sing padha sehat terus dadi kelangan keluarga nganggo itungan menit utawa detik....Subhanalloh dhewek jebule cilik banget dibanding Kuasane Gusti Alloh SWT sing bisa mbolak mbolik keadaan nganggo itungan detik. Sedulurku kabeh...sing padha Iman maring Ngarsa Dalem Alloh SWT, ngendikane gusti Alloh nang Alqur’an :

” dhoharol fasaadu filbarri wal bahri bimaa kasabat aidiinnas liyudziqohum ba’dlolladzii ’amiluu la’alahum yarji’uuna ”

Sing artine : Wis keton kerusakan nang darat lan nang laut disebabaken kelakuane tangan manungsa, supayane Gusti Alloh SWT nggawe krasa maring wong-wong kae sebagian akibat sekang perbuatane, men wong-wong mau mbalek maning maring dalan sing bener.

Mulane sedulur kabeh Inyong ngajak nang awake dhewek syukur rika ya padha melu, ya kuwe :

  1. Sing padha Istiqomah karo dalan Agama. Tegese teguh, kekeh ora bakal mbelak-mbelok nyimpang ajaran Agama.
  2. Aja kelalen kudu terus kelingan karo Gusti Alloh, sing diistilahna Dzikir. Dzikir nang endi bae ya nang mesjid, nang kantor bagi kaum pegawai, nang pasar bagi kaum pedagang, nang sawah lan kebon kanggo kaum petani.
  3. Prinsip seimbang nang sejrone panguripan. Keseimbangan urip diistilahna Tawazun. Artine tawazun antara panguripan dunya lan akherat

Moga-moga nganggo telung prinsip yakuwe Istiqomah, Dzikir lan Tawazun Inyong karo Rika kabeh bisa urip mulya nang dunya lan akherat, Amin..Amin...Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

silahkan anda komentar di sini